Soal Bahasa Jawa

Soal PAS BAHASA JAWA Kelas 10 Semester Ganjil SMA/MA/SMK

Wenehana tandha ping ing jawaban a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing paling bener!
1.      Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung. Pethilan tembang kasebut minangka
tuladha saking…
A. Purwakanthi basa
B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi swara
D. Tembung dwilingga
E.  Tembung garba
Jawaban: B
2.       Ukaran ing ngandhap, ingkap nduweni purwakanthi lumaksita yaiku…
A. Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip
B. Ingkang sipat wisesa winisesa wus, Mulih mula mulanira
C. Mangkono ilmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati
D. Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap neng tanah jawi
E. Bungah ingaranan cubluk, Sukeng tyas yen denira
Jawaban: C
3.          Mangkono ngèlmu kang nyata
 sanyatane mung wèh rêsêping ati
bungah ingaranan cubluk
sukèng tyas yèn dèn ina
nora kaya si punggung anggung gumunggung ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
Piwulang saking tembang macapat kasebut inggih punika ....
A. Kedah sinau ingkang patut lan ugi nerapaken ilmu punika kangge dhiri pribadhi.
B. Kedah gadhah ilmu kang saged damel ati tentrem, nebihi sipat gumedhe lan remen dipangalembana.
C. Tiyang ingkang bodho padatan langkung kathah omong.
D. Kedah nuladha tiyang pinter kang saged ngalah lan purun nutupi salahe tiyang sanes. E. kedah dados tiyang ingkang saged ngrumangsani kaluputane piyambak.
Jawaban: B
4.      Gatekna Tembang ing ngisor iki!
1. Si pengung nora nglegawa,
2. Ngalingi marang si pingging
3. Saya elok alangka longkanganipun,
4. Kandhane nora kaprah,
5. Ngandhar-andhar angendhukur,
6. Si wasis waskitha ngalah,
7. Sangsayarda denira cacariwis,
Tegese tembung pingging, Si wasis yaiku….
A. Menengan, pinter
B. Bodho, pinter
C. Pinter, lamis
D. Seneng ngapusi, apikan
E. Pinter, cerewet
Jawaban: B
5.      Ing ngisor iki sing ora dadi titikane cerkak yaiku kejaba...
A. ngadhahi underaning crita
B. critane ringkes lan gampang dimangerteni
C. asil saka rekane panulis
D. nganggo basa krama alus
E. bisa diwaca saadegan
Jawaban: D
 6.      Ing ngisor iki, jenis paraga ing crita cekak yaiku ...
A. utama, kepindho, katelu
B. protagonis, antagonis, tritagonis
C. protagonis, utama, figuran
D. antagonis, protagonis, utama
E. antagonis, tritagonis, figuran
Jawaban: B
7.      Flying Object Research Center (FORCE) kang anduweni anggota para Mahasiswa Teknik Mesin UGM kasil ngembangake teknologi pesawat tanpa awak utawi Unmanned Aerial Vehicle (UAV) ingkang dipunsukani nama 'Camar biru'. Damar Satria Guntoro salah  satunggaling  anggota  FORCE  ngendikakaken,  pesawat  ingkang  sampun dikembangke salebetipun kalih taun menika nelasaken dana saageng Rp 25 yuta (selawe yuta rupiah). Pesawat menika dipundesain kanthi ukuran 120 centimeter uga anteb 4 Kg. Undering pawarta kasebut, yaiku...
A. Pesawat tanpa awak
B. FORCE duwe pesawat
C. Damar nggawe pesawat
D. FORCE ngembangake UAV
E. Mahasiswa UGM nggawe pesawat
Jawaban: D
8.  Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta lan tha.
Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
Jawaban: A
 9.  Ngatur mandheg lan nerrusake pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
Jawaban: B
10.  Joglo ugi nggadhahi kamar khusus ingkang kaasmani Gedhongan. Gedhongan minangka panggenan kagem katentreman, panggenan ibadah tuwin samubarang kagiyatan suci sanesipun.
Saking pethilan wacan kasebut, nilai-nilai ingkang kaandhut inggih punika.....
A. Agama
B. Politik
C. Sosial
D. Budaya
E. Bahasa Jawa
Jawaban: A

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara Membuat Akun Email